Selakambang,Kaligondang,Purbalingga

Selakambang,Kaligondang,Purbalingga Desa Selakambang Selakambang yaiku salah sewijining desa sing ana nang kecamatan Kaligondang kabupaten Purbalingga Jawa Tengah.

Asal muasal diarani desa Selakambang mergo ana watu sing gede banget sing jumeneng ning salah sijining kali sing ana nang Selakambang. Menurut ceritane para sesepuh Selakambang jaman gemiyen watu iku jarene kemambang / ngapung, watu iku duwure sekitar lima meter, diameter sekitar kurang lewihe sekitar 200 meter, posisi watu iku ana nang tengah kali Lebak, selo iku artine watu, lah nek kambang iku artine kemambang, dadi asal mula desa iku diaraai Selakambang mergo ana watu sing kemambang nang tengah kali. Selakambang termasuk desa paling luas sekecamatan Kaligondang, sedesa ana kadus,dusun zigonk, dusun Beji, dusun Banteng, dusun Jambu, dusun Gembrungan,lan lia-liane salah sawijine tokoh Selakambang sing sekti mandraguna sing mbabarna anane desa Selakambang sing paring asmo Eyang Purwa Suci waktu iku sekitar tahun 1700 M utawa 1800 Masehi, menurut ceritane para sesepuh Selakambang gemiyen Eyang purwa suci pernah tanding karo pendekar seka desa sebelah (Pagerandong) sing arane Ki Ajeng Menggala, singkat cerita Eyang Purwa Suci olehe perang karo Ki Ajeng Menggala ana ning sekitar kali perek perbatasan desa. Ki Ajeng Menggala kalah anggone perang tanding karo Eyang Purwa Suci, Ki Ageng Menggala mati ketaman keris pusakane Eyang Purwa Suci, tempat perang tanding nganti matine Ki Ageng Menggala saiki diarani kali Menggala, sing saiki mlebu wilayah desa Selakambang. Mekaten sekilas cerita mengenai desa Selakambang, kritik lan saran sangat kulo butuhaken kanggo nglengkapi cerita iki, nek ana salah lupute anggone kulo nyusun cerita sejarah tentang Selakambang ya njaluk pangapurane sing gede.

Address

Selakambang
Purbalingga
53391

Website

Alerts

Be the first to know and let us send you an email when Selakambang,Kaligondang,Purbalingga posts news and promotions. Your email address will not be used for any other purpose, and you can unsubscribe at any time.

Shortcuts

Share

Category