08/10/2025
NELANGSA.
Tangi!
Sebab langka sing melas ning sira, langka sing peduli kecuali sira uripe berhasil.
Alam kahuripan kadang sering dianggep ora adil, akeh sing wing ngerasa mulak-malik berjuang keras ngadepi urip, nanging sing ana mung nanggung luka batin sing beli bisa dideleng wong sejen.
Kau tahu seperti apa rasanya?
Rasanya seperti ujung mata pisau yang dicabut pelan-pelan dari cengkeraman luka!
Kabeh uwong pernah ngeluh, kabeh uwong duwe cerita pahit, nanging siji-sijine dalan supaya bebas sing dendam derita iku dudu meneng bae ngarep-arep ditulung uwong, urip dudu tentang di melasi wong sejen.
Sira ora bisa urip cara jalak-jaluk.
Ketemu batur kiyen jaluk anu, ketemu batur kaen jaluk ini bari itu, sira ora bisa ngandalaken urip nganggo cara mengkonon terus. Aja dibiasakaken tangan ning ngesor, isin.
Alam jagat raya ora rongokaken keluh kesah uripe sira. Semesta alam ora kenal sira sapa. Pisan maning, jal pikiren ning alam dunya kiyen sapa sing melas bari uripe sira? Langka!
Langka sing bener-bener melas ning cerita uripe sira.
Kabeh uwong duwe beban urip. Wong sejen sebates rongokaken sedela, angguk-angguk bila perlu ngelus dada, ngupai wejangan, pragat kuwen terus bubar sebab wong mau uga duwe masalah uripe dewek.
Kabeh uwong beli bakal terus-terusan rongokaken ceritae sira, ora bakal melas selawase ning sira. Rasa lara iku mung sementara, harga diri iku sedawane dalan cerita uripe sira.
Nah, tangia!
Langka sing bisa selametaken badan uripe sira, kecuali sira dewek.
Inget, sapa sing melas ning cerita uripe sira? Sapa sing duwe rasa melas ning sira? Langka!
Langka wong mikiraken sira, kecuali sira dadi wong sing berhasil secara fisik lan finansial.
Baka sira uripe ora berhasil, sira bakal di ece seumur urip.
____________
Note:
Kamis, 9 Oktober 2025